Puisi Jawa "Wayah Sore"

19.54.00

Wayah Sore


WAYAH SORE
Creator : Kilang Andriani

Sorene sore jingga
Serngenge ura kethok
Sinare mlebet ing pucuk mega
Sumiliring angin sore, nggawe wit-witan
Ngawe-ngawe

Ing wayah sore
Kabeh kegiatan dilireni
Manuk-manuk padha bali ing sarange

Sanadyan sorene langit
Wus meh purna
Diganti marang wengine wengi biru
Dikancani abyore kartika ing angkasa

Anggawe tambah padange
Alam dunya
Lan bagusing alam

Syukur sembah nyuwun marang gusti
Sing wis nyiptake bumi iki
Lan kabehane
Kita kudu njaga alam iki
Kanthi dunya ingkang apik

Previous
Next Post »

2 komentar

Terima kasih atas kesediaanya mengunjungi blog ini, mohon dalam berkomentar menggunakan bahasa yang sopan.